B. Daerah

Pertanyaan

tolong buatkan sinopsis cerita wayang arjuna pandawa lima b.jawa?

1 Jawaban

  • Wonten ing njero alas, Pandu lan bojone urip ing pertapaan. Panjenenganne sedaya boten ngidahaken kapinginan kamewahan utawa kakuasaan. Namun sawjining hal ingkang ganggu pikiranipun pandu-kapercayaanne- yaiku menawa wong lanang boten gadahi katurunan lanang, pungkasan uripe ana ing neraka. Nanging piyambake gadah masalah kaliyan hasrat seksual amargi kutukan sapasang Rishi nuntut kamatiane menawi piyambake bergaul kaliya bojone. Lajeng Pandu nyariosake kaliyan bojo-bojone maksude supaya bojone purun kagungan anak dari Rishi ingkang urip ong alas. Kaya ndisike, pandu uga lair saking Rishi ingkang nemoni biyunge. Janda raja wangsa Kuru. Alih-alih gadhah pasetujun saking bojo-bojone. Pandu angsal pancerahan , Kunti bojone Pandu cerita menawi piyambake tau diwenehi Rishi Duyasa sing mara marang kerajaane bapakne. Anugerah kuwi mantera kanggo ngundang para Dewata supaya angsal karunia awujud putera. Pandu njaluk Kunti  ngundang Dewa Dharma. Banjur lair Yudistira sing kepribadiane uga bijaksana. Sawise setaun, pandu nyuwun kunthi anglakokake malih. Dipun udang Dewa Bayu. Dewa ingkang palig kuat antarane para dewa. Saking dewa bayu lair Bhimasena ingkang gagah perkasa. Uga diandakake ora ana wong kang lair ngluwihi kakuwatan Bhimasena. Bhimasena uga wong kang amat pengasih. Deweke njaga sadulur-sadulure uga nggatekake sasama manungsa Taun ngarepe, Pandu balik njaluk Knthi nglairake anak kanggo Pandu. Kunthi ngundang Indra dewa, dewa kang paling terkenal ing para dewa-dewa. Lajeng lair Arjuna. Mandeleng anak-anake kang dilairake Kunthi kang sempurna. Pandu panjaluk kunthi maneh supaya ngundang Dewa liane. Ananging Kunthi ngomong nek mantera kasebut nglanggar dharma menawa digunakake luwih saka kaping telu. Marungu kasebut, Pandu sedhih. Kunthi njanjiake arep ngajari Madrim, istri Pandu sing liyane kanggo ngrapal mantera kasebut. Madri uga nglakokake niat kasebut: deweke ngundang Sang Kembar, tabib para Dewata. Ashwin Kumar. Maka mandwim dianugrah sepasang anak kang kembar sing ganteng-ganteng yaiku nakula lan Sadewa. Ora among ganteng, nakula lan Sadewa gadahi kewanenan lan kabijaksanaan. Sesarengan kaliyan laire Bhimasena Permaisuri Gandhari nglairaken putera kang pertama yaiku Duryudhana, sakwise, istri Raja Dhristata uga nglairake 99 putera lan satunggal puteri. Sakmenika Duryudhana lair, Raja Dhristrata kagungan firasat ingkang elek. Piyambake ngendika kaliyan Widura, adhike kang lair saking dayang ibukne. Widura nyatakake kelairan Duryudhana ngawiwiti kadadeyan kang paling medeni kang arep nimpa kabehan keluarga yaiku lenyape dinasthi Kuru. Ananging lagi entuk putera mahkota calon penggantine Raja Dhristrata boten gagas firasat lan makna kang diungkapake kaliyan Widura. Sakwetara kasebut, bibar uripe layake pertapa seneng 15 tahun luwih, pas kunthi lan anak-anake mlaku-mlaku ning jero alas, Pandu amung karo Madrim ing njero Ashram, marga wis suwe ora madu asih, Pandu terpesona kaliyan ayune Madrim, bojone piyambak, dadi lali kutukan sakpasang Rishi kang tau dipanah. Sakdurunge cumbu kaliyan bojone. Pandu pejah. Madrim sedhih amarga kedadeyan kasebut, piyambake ngrasa salah marga boten saget nahan nafsu. Piyambake nangis sakbanter-bantere kanthi kaprungu kunthi lan anak-anake ing jero alas. Madrim mutusake arep melu bakar awake bareng kaliyan mayat Pandu. Sakwetara kasebut Kunthi luwih milih mikirake nasib anak-anake lan  milih mbalik ning Hastinapura kaliyan para pandhawa.

Pertanyaan Lainnya